Masrahke tukon

Masrahke tukon

Saklajengipun kula kepareng matur wonten ngarsanipun Bapak Dukuh saha para pinisepuh lan para lenggah sedaya mbokbilih wonten kalepatan atur kula ing wekdal samangke sakderengipun kula nyuwun pangaksama.

Sakderengipun kula ngaturaken menggah ingkang dados wigatos kula langkung rumiyen. Sepindah kula sak rencang ngaturaken sembah pangabekti wonten ngarsanipun Bapak Dukuh saha para lenggah sedaya, langkung-langkung wonten ngarsanipun Bapak ingkang kagungan dalem ing mriki sekalian

Ndungkap ingkang kaping kalih terang lampah kula ing sewau dipun kentuni sembah pangabekti saha salam taklimipun Bapak ................... (sing utusan) kula supados ngaturaken wonten ngarsanipun Bapak Dukuh saha para pinisepuh lan para lenggah sedaya lan ugi wonten ngarsanipun Bapak ingkang kagungan dalem ing mriki sekalian kula lahiraken. Assalamualaikum wr wb . Lan ugi sepinten ingkang dados kalepatanipun Bapak .................. (ingkang utusan) saestu kula supados nyuwunaken pangapunten dhumateng ngarsanipun Bapak Dukuh saha para pinisepuh lan para lenggah sedaya.

Jangkep ingkang kaping tigo sowan kula wonten ngarsanipun Bapak ingkang kagungan dalem ing mriki kula supados nglajengaken ingkang dados pirembakan Bapak ...... (ingkang utusan) kalian Bapak ingkang kagungan dalem ing mriki sekalian. Dene kala dinten ingkang sampun kapengker Bapak .......(ingkang utusan) sekalian sampun sami pirembakan kalian bapak ingkang kagungan dalem ing mriki sekalian .Dene pirembakanipun mboten sanes. Badhe anyaketaken anggenipun pasederekan linantaran badhe adaupaken yoga kakungipun Bapak ................(ingkang utusan) ingkang asma .................... kalian putra estrinipun bapak ingkang kagungan dalem ing mriki ingkan asma ................... Gandeng pirembakanipun sampun mapinten-pinten rembak dados setunggal kenging dipunwastani gumolong gilik rembakipun dumugi wekdal sakmenika mboten wonten parebahan setunggal menapa. Pramila Bapak ................(ingkang utusan) sekalian utusan dateng kula sakrencang sowan wonten ngarsanipun Bapak ingkang kagungan dalem ing mriki sekalian kula supados ngaturaken sekar sepelek pisang ayu sak uler ganten wengen sak jangkepipun ingkang kasebat abon-abon minangka panutupe rembak, rembak sepindah dumugi wekdal sakmenika mboten wonten perubahan setunggal menapa. Ingkang saklajengipun Bapak ....(ingkang utusan) ngaturaken sawong ingkang kasebat bombongan kagem bombong calon putra temanten sekalian dumugi sak wancinipun kaijabaken sageta manggeh rahayu wilujeng samudayanipun,

Bapak...(ingkang utusan) sekalian ngaturaken sinjang wiyar ...... potong kagem bebingah embahipun/eyangipun calon putra pinanganten putri saksampunipun menika Bapak...(ingkang utusan) sekalian ngaturaken busana kagem calon putra penganten putri mawarni-warni mboten kula sebataken setunggal lan setunggalipun. Lan ugi taksih dipun kantheni sangsangan (emas) kagem calon temanten putri ugi 

Sande ..... potong kagem kangmasipun ingkang saklajengipun Bapak ...(ingkang utusan) sekalian ngaturaken urun ragating ijabing temanten sekalian . Dumugi sakwancinipun wekdal kaijabaken gunggungipun arta wonten .......

Bapak...(ingkang utusan) sekalian ngaturaken gendhis saha teh lan dedhaharan menapa kawontenanipun pinangka subasita saha angsal-angsal anggenipun Bapak..............(ingkang utusan) sekalian anggenipun utusan dateng kula sakrencang sowan wonten ngarsanipun bapak ingkang kagungan dalem ing mriki sekalian . Sedaya menika wau mbok menawi taseh wonten ingkang dereng kula aturaken sedaya dipun aturaken wonten ngarsanipun Bapak ingkang kagungan dalem ing mriki sekalian, wasana cekap semanten ingkang dados atur kula kula akhiri Wassalamualaikum wr wb.





Atur pamitan Muleh
Kepareng matur dumateng ngarsanipun Bapak Dukuh, para pinisepuh lan para lenggah sedaya mbokbilih wonten kalepatan atur kula ing sewau ngajeng ngantos dumugi ing wekdal sakmenika mangke saha kula sakrencang mbok menawi kirang subasita lan trapsila saestu kula nyuwun lumunturing samudrasih pengapunten ingkang ageng.

Gandeng kula sekrencang sowan wonten ngarsanipun bapak ingkang kagungan dalem ing mriki sekalian kula supados nglajengaken rembakipun Bapak .... (ingkang utusan) sekalian gandeng sedaya atur saha panyuwunipun Bapak...(ingkang utusan) sekalian gandeng sedaya atur saha panyuwunipun Bapak...(ingkang utusan) sekalian sampun kula aturaken lan ugi sampun katampi kanthi renaning penggalih saking kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami.

Gandeng wekdal ing sakmenika kados sampun kacekap samudayanipun pramila kula sakrencang nyuwun pamit ugi nyuwun tambahing donga pangestu wonten ngarsanipun para pinisepuh lan para lenggah sedaya mugi-mugi lampah kula awit saking papan punika ngantos dumugi wonten papan pagelaran Bapak...(ingkang utusan) sekalian segeta manggih rahayu wilujeng samudayanipun. Kejawi saking menika para pinisepuh lan para lenggah sedaya kula aturi mrayogekaken lenggahipun. Wasana cekap semanten ingkang dados atur kula kula akhiri Wassalamualaikum wr wb.






Njalok Ijab
Jangkep kaping tiga sowan kula wonten ngarsanipun Bapak ingkang kagungan dalem ing mriki terang dipun utus panjenenganipun Bapak..........(ingkang utusan) sekalian kula supados nyuwunaken ijab yoga kakungipun Bapak............(ingkang utusan) ingkang asma ........... kasuwun kaijabaken kalian putra estrinipun Bapak ingkang kagungan dalem ing mriki ingkang asma ..... .......

Gandeng wekdal sakmenika calon putra pinanganten kakung sampun marak sowan wonten pagelaranipun bapak ingkang kagungan dalem ing mriki pramila ijabing putra pinanganten kula sumanggakaken Bapak ... minangka panampining atur kula . Dene saksampunipun ijab sakwetawis saking kersanipun Bapak...(ingkang utusan) putra pinanganten kakung kasuwun dipun pinanggihaken kalian putra pinanganten putri

[Tambahan  manten diboyong ]
Dene ingkang wekdal samangke saksampunipun upacara pahargyan sampun paripurna putra temanten sekalian kasuwun kaboyong wonten papan pagelaranipun Bapak...(ingkang utusan) sekalian 

Dene saking atur panuwunipun Bapak...(ingkang utusan) sekalian putra temanten sarimbit kasuwun sageta sinarengan lampah kula sakrencang kakung saha putri ingkang wekdal semangke 
Dene ingkang saklajengipun Bapak Suto sekalian ngaturaken sanggan saha kentunan dene ingkang kasebat sanggan ingkang arupi sekar sepelek pisang ayu sak uler ganten wangen sak jangkepipun pinangka upa rengganing pamboyongipun putra temanten sekalian.

Dene ingkang kasebat kentunan isi mawarni-warni lan menapa kawontenanipun kaaturaken caos dhahar dateng temanten sarimbit. Dene sedaya menika wau ingkang dipunaturaken bapak ingkang kagungan dalem sekalian namung menapa sakmestinipun dene ingkang sepinten pantes kasuwun wangsul. Wasana cekap semanten ingkang dados atur kula kula akhiri Wassalamualaikum wr wb.

Komentar